Kamis, 24 Oktober 2013

Kawontenaning Warung Kejujuran (Straight News)



 Selasa, 01 Oktober 2013

Kawontenanipun warung kejujuran ingkang mapan ing sisih tengenipun Jurusan Pendidikan Seni Tari, Selasa (1/10) taksih rame lan kathah ingkang sami numbasi. Warung kasebat taksih narik kawigatosanipun tiyang kathah, mliginipun para mahasiswa. Babagan kasebat dipun-jalari kathah varian jajanan utawi dhedhaharan ingkang dipunsade. Reginipun ugi mirah kanggenipun kantong para mahasiswa.
            Wonten ing warung kejujuran menika, barang dagangan boten wonten ingkang nengga lan dipun-papanaken wonten ing meja kemawon. Maneka warni jajanan lan dhedhaharan dipunsade wonten ing ngriku kadosta arem-arem, risoles, pukis, susu segar, sekul kuning, sekul rames, lan sanesipun. Anggenipun bayar, arta cukup dipunlebetaken wonten ing kaleng utawi kothak ingkang sampun kasamektakaken. Menawi arta menika langkung lan mbetahaken jujul, kita njujuli piyambak. Jajanan lan dhedhaharan ingkang dipunsade reginipun antawisipun Rp. 1.000,00 ngantos Rp. 3.000,00 kemawon.
            Warung kejujuran menika ugi nglatih kita supados tumindak jujur. Amargi kita ngladosi piyambak barang menapa kemawon ingkang badhe dipun-tumbas. Sanajan wonten kamera CCTV-nipun namung kemawon taksih wonten ingkang nggabrul. Kawontenan menika saged ndadosaken warung kejujuran menika rugi. Warung kejujuran menika ugi saged kangge sarana gladhen wirausaha saking para kadang mahasiswa lan tiyang sanesipun. Menawi badhe sadeyan wonten ing ngriku kedah ngasilaken produk ingkang kreatif, inovatif, lan dipunbetahaken tiyang kathah. Sampun ngantos kalah saing lan barangipun boten pajeng.

                                                                          Dening Tanti Sekar Ratri

Tidak ada komentar:

Posting Komentar