Warung Kejujuran Minangka Sarana
Gladhen Wirausaha
Warung
kejujuran ingkang mapan wonten ing sisih kidul Jurusan Pendidikan Seni Tari
menika pancen boten nate sepi. Dipunsebat warung kejujuran amargi barang
sadeyan menika boten dipun-tengga kaliyan ingkang mundhut ngladosi
piyambak-piyambak kalebet njujuli arta. Rumiyin, warung kejujuran menika namung
arupi sadeyan sekul ingkang dipunwadhahi kranjang. Kranjang menika lajeng
dipun-tinggal wonten ingkang mapan ing lantai 1 gedung C.13, lantai 2 GK. 1
(ngajeng ruang laboratorium budaya), ugi wonten ngajengan Jurusan Pendidikan
Bahasa Daerah. Ananging samenika warung kejujuran menika namung wonten ing
setunggal papan kemawon.
Ing
warung menika dipunsade maneka warni jajanan lan dhedhaharan, kadosta sekul
kuning, sekul rames, sosis, arem-arem, bakmi goreng, klethikan, susu segar, lan
sanesipun. Boten namung menika kemawon, ugi wonten ingkang sadeyan buku wacan
kanthi regi ingkang miring. Barang-barang ingkang dipunsade reginipun murah
tumraping mahasiswa, udakawis Rp. 1.000,00 dumugi Rp. 3.000,00 kemawon.
Saben
dintenipun mesthi kemawon wonten tiyang ingkang mampir mundhut jajanan utawi
namung mirsani kemawon. Langkung-langkung menawi pergantian jam kuliah. Jajanan
ingkang dipunsade ugi telas saben dintenipun. Menawi sampun jam 12.00 minggah,
saperangan jajanan menika sampun sami telas. Dados menawi ngersakaken jajanan
utawi dhedhaharan langkung prayogi menawi taksih enjing.
Tumraping warga Fakultas Bahasa dan
Seni mliginipun para mahasiswa, wontenipun warung kejujuran menika nggampilaken
anggenipun pados jajanan kangge sarapan. Lokasi ingkang strategis lan boten
butuh wekdal ingkang kathah, amargi ngladosi piyambak. Dhedharan kaliyan jajanan
ingkang dipunsade reginipun mirah, ugi kathah macemipun
Panyade menika kantun
nitipaken jajananipun wonten ing meja ingkang sampun kasamektakaken. Maneka
warni jajanan menika reginipun beda-beda lan wonten dhaftar reginipun. Wonten
ing ngriku kasamektakaken ugi kaleng utawi kothak plastik kangge wadhah arta
pembayaran. Kadangkala saben jajanan menika beda kothakipun ingkang kangge
nglebetaken arta, gumantung kekarepanipun panyade.
Warung kejujuran saged
nuwuhaken tumindak ingkang sae inggih menika jujur. Tiyang ingkang sampun
kulinten jujur, badhe jujur wonten ing pundi-pundi panggenan. Tiyang ingkang
jujur menika saged ngendhaleni dhiri pribadhinipun piyambak. Menawi mundhut
jajanan utawi dhedhaharan konsekuensinipun kedah mbayar reginipun jajanan menika.
Sanajan wonten ngriku kapasang kamera CCTV, ananging ugi taksih wonten tiyang
ingkang boten jujur, namung mundhut jajanan lan boten mbayar. Kawontenan menika
saged njalari warung kejujuran menika bangkrut amargi kathah tunanipun. Wonten
ing ngriku ugi kaserat tetembungan ingkang saged mengaruhi tiyang supados
tumindak jujur, kadosta “Matur nuwun, sampun tumindak jujur”.
Miturut Eriskiwati
mahasiswa Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah, piyambakipun sampun nate sadeyan
jajanan arupi arem-arem kaliyan risoles wonten ing warung kejujuran menika.
Piyambakipun nate tuna, lan namung angsal arta Rp. 24.000,00 kemawon,
barangipun telas ananging cacahipun arta boten trep kaliyan ingkang
samesthinipun. Sadeyan kados menika kala wau menawi saweg rame utawi ngepasi wonten
event tartamtu saged ngasilaken arta ngantos Rp. 126.000,00. Ananging
samenika bathinipun udakawis Rp. 70.000,00 ngantos Rp. 80.000,00 kemawon.
Warung
kejujuran menika ugi saged kangge sarana nggladhi jiwa wirausaha. Dados menawi
badhe sadeyan menika kedah nggatosaken resiko-resiko menapa kemawon ingkang
badhe dipun-adhepi, boten namung bathi ingkang dipunkasilaken. Panyade menika
kedah kreatif anggenipun masaraken barang daganganipun, sampun ngantos barang
ingkang dipunsade kalah saing kaliyan boten pajeng. Kados pundi caranipun
sadeyan dhedhaharan kaliyan sanesipun ingkang dipun-betahaken kaliyan tiyang
kathah ugi narik kawigatosanipun tiyang sanes saengga ngasilaken bathi ingkang
kathah.
Dening
Tanti Sekar Ratri
Tidak ada komentar:
Posting Komentar