Sabtu, 02 November 2013

Lontar Bali (Feature)



 Lontar Bali Ingkang Kawentar


            Masyarakat Bali minangka perangan bangsa Indonesia nggadhahi wujud kabudayan ingkang maneka warna. Salah satunggaling wujud budaya kasebut inggih menika naskah lontar. Naskah lontar menika awujud seratan mawi aksara Bali ingkang dipunserat mawi medhiya ron tal. Naskah kasebat sinerat kanthi adhedhasar kahanan tartamtu nalika naskah kasebat sinerat.

            Lontar Bali menika sinimpen ing maneka warni papan, kadosta Gedhong Kirtya, Perpustakaan Universitas Udayana, Perpustakaan Dinas Kebudayaan Bali, lan sanes-sanesipun. Lontar-lontar ingkang kasimpen wonten ing papan kasebat arupi naskah salinan. Dene naskah lontar ingkang asli menika taksih wonten ing masyarakat mliginipun para pandhita.

 gambar lontar bali


            Lontar minangka medhiya tulis menika asalipun saking ron tal/siwalan. Proses saking ron mentah dumugi lontar siap tulis menika mbetahaken wekdal paling sekedik 6 dumugi 12 sasi. Ron tal ingkang sampun dipun-pethik lajeng dipun-kethok miturut ukuran ingkang dipunkajengaken, lajeng dipunpepe tahap kapisan. Sasampunipun dipun-pepe lontar lajeng dipunresiki, dipun-godhog, lan dipun-pepe malih ngantos kaping pindho. Lontar lajeng dipun-pres supados rata ...

Lajeng bageyan ngiringanipun lontar dipun-ratakaken. Proses salajengipun inggih menika nyukani bolongan supados lontar gampil anggenipun nyusun. Lontar tumuli dipunsukani garis gumantung ingkang dipunkajengaken. Lontar ingkang nglampahi proses ingkang dangu kados makaten kalawau sampun saged kangge nyerat.

            Anggenipun nyerat mawi medhiya lontar ngginakaken alat ingkang dipun wastani pengrupak. Pengrupak menika awujud peso alit. Seratan dipundamel kanthi nggoresaken wonten sanginggiling lontar. Seratan lajeng dipun-olesi areng kemiri ingkang sampun dipunbakar. Areng menika dadosaken seratan lontar menika langkung cetha amargi wernanipun cemeng.

 gambar pengrupak


Lontar miturut jinisi bahanipun kaperang dados kalih, inggih menika lontar kedis (peksi) ingkang amba-amba, kaliyan lontar taluh (tigan) ingkang langkung alus lan sae.

Aksara minangka sarana panyerating lontar menika wonten maneka warna. Basa jawa kuno kangge nyerat kakawin lan parwa, basa kawi kangge nyerat lontar tutur, dene basa bali kangge nyerat geguritan.

Panyerating naskah lontar menika wonten mapinten-pinten tema kadosta filsafat, kidung, kanda (ilmu praktis), sasana, kakawin, geguritan, babad, wariga (ilmu perbintangan),mantra, usada (jampi), satwa (cerita rakyat) lan sanes-sanesipun.

Gambar nyerat mawi medhiya lontar

Koleksi lontar ingkang wonten Dinas Kebudayaan Bali menika saking anggenipun nyalin (program pemerintah), ugi wonten kelompok masyarakat ingkang nitipaken koleksinipun dhateng museum. Anggenipun nyalin lontar menika boten sembarang tiyang, ananging tiyang ingkang profesional ing bidhangipun. Dene ingkang wonten Gedhong Kirtya menika ugi asiling salinan naskah ingkang dipunsalin dening karyawan Kirtya.

Wonten ing salebeting perpustakaan Dinas Kebudayaan Bali, anggenipun nyimpen lontar ingkang sipatipun sakral kaliyan profan menika boten dipun-pisah. Miturut Wiriawan sipat sakralipun lontar menika boten ateges lontar namung dipunsimpen kemawon lan boten pareng dipunbikak. Perangan ingkang sakral saking lontar inggih menika ilmu ingkang wonten salebetipun. Dene lontar ingkang sipatipun sakral kaliyan profan anggenipun nyimpen dipunpisah manawi wonten ing Gedong Kirtya. Lontar ingkang asipat sakral menika dipun-kurmati sanget. Ruangan ingkang kangge nyimpen ugi steril sanget, ngantos tiyang estri ingkang sami halangan boten pareng mlebet papan kasebat.

Lontar ingkang kasimpen wonten ing tigang papan kasebat, dipunrawat kanthi ngatos-atos. Saben wulanipun kropak menika dipunbikak, lajeng dipunparingi kapur barus sacekapipun. Dene lontaripun dipun-olesi cairan alkohol lan minyak sereh. Cairan alkohol minangka antiseptik supados lontar menika steril lan boten dipuntedha organisme. Minyak sereh ndadosaken lontar menika lentur. Menawi kawontenanipun lontar menika garing saged dadosaken lontar gampil tugel. Lajeng manawi badhe ndadosaken seratan ketingal langkung cetha, dipun-ginakaken areng saking kemiri ingkang dipunbakar rumiyin. Lontar ingkang dipunrawat kanthi temenan saged ngantos umur atusan taun.

Gambar kropak minangka kothak kangge nyimpen lontar

Lontar minangka asiling kabudayan menika dados benda budaya ingkang wigatos sanget. Wigatining wosing lontar menika ndadosaken pemerintah daerah ngupiya supados lontar boten kasirep jaman. Upiya ingkang dipunlampahi maneka warna kadosta ngawontenaken seminar babagan lontar, nambahi koleksi lontar saben taun mliginipun ingkang dereng wonten salinanipun, lomba nyerat lontar, lan sanes-sanesipun. Pemerintah ugi maringi apresiasi dhumateng sinten kemawon ingkang purun nyerat lontar, saben lembar lontaripun dipunbayar Rp. 60.000,00 menawi terjemahan / alih aksara per lembaripun Rp. 30.000,00. Dhasari nggenipun mbayar menika sampun katetepaken wonten ing salebeting peraturan gubernur.

Lontar ugi sampun kadamel mawi bentuk digital. Lontar menika saged dipunakses wonten pundi kemawon boten winates wekdal. Gambaripun cetha lan ugi wonten terjemahanipun. Lontar menika saged dipunakses lan dipun-undhuh ing alamat www.babdbali.com kaliyan www.archive.org.    

Gladhen Wirausaha (News Feature)



Warung Kejujuran Minangka Sarana Gladhen Wirausaha



            Warung kejujuran ingkang mapan wonten ing sisih kidul Jurusan Pendidikan Seni Tari menika pancen boten nate sepi. Dipunsebat warung kejujuran amargi barang sadeyan menika boten dipun-tengga kaliyan ingkang mundhut ngladosi piyambak-piyambak kalebet njujuli arta. Rumiyin, warung kejujuran menika namung arupi sadeyan sekul ingkang dipunwadhahi kranjang. Kranjang menika lajeng dipun-tinggal wonten ingkang mapan ing lantai 1 gedung C.13, lantai 2 GK. 1 (ngajeng ruang laboratorium budaya), ugi wonten ngajengan Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah. Ananging samenika warung kejujuran menika namung wonten ing setunggal papan kemawon.


            Ing warung menika dipunsade maneka warni jajanan lan dhedhaharan, kadosta sekul kuning, sekul rames, sosis, arem-arem, bakmi goreng, klethikan, susu segar, lan sanesipun. Boten namung menika kemawon, ugi wonten ingkang sadeyan buku wacan kanthi regi ingkang miring. Barang-barang ingkang dipunsade reginipun murah tumraping mahasiswa, udakawis Rp. 1.000,00 dumugi Rp. 3.000,00 kemawon.

            Saben dintenipun mesthi kemawon wonten tiyang ingkang mampir mundhut jajanan utawi namung mirsani kemawon. Langkung-langkung menawi pergantian jam kuliah. Jajanan ingkang dipunsade ugi telas saben dintenipun. Menawi sampun jam 12.00 minggah, saperangan jajanan menika sampun sami telas. Dados menawi ngersakaken jajanan utawi dhedhaharan langkung prayogi menawi taksih enjing.

            Tumraping warga Fakultas Bahasa dan Seni mliginipun para mahasiswa, wontenipun warung kejujuran menika nggampilaken anggenipun pados jajanan kangge sarapan. Lokasi ingkang strategis lan boten butuh wekdal ingkang kathah, amargi ngladosi piyambak. Dhedharan kaliyan jajanan ingkang dipunsade reginipun mirah, ugi kathah macemipun

Panyade menika kantun nitipaken jajananipun wonten ing meja ingkang sampun kasamektakaken. Maneka warni jajanan menika reginipun beda-beda lan wonten dhaftar reginipun. Wonten ing ngriku kasamektakaken ugi kaleng utawi kothak plastik kangge wadhah arta pembayaran. Kadangkala saben jajanan menika beda kothakipun ingkang kangge nglebetaken arta, gumantung kekarepanipun panyade.

Warung kejujuran saged nuwuhaken tumindak ingkang sae inggih menika jujur. Tiyang ingkang sampun kulinten jujur, badhe jujur wonten ing pundi-pundi panggenan. Tiyang ingkang jujur menika saged ngendhaleni dhiri pribadhinipun piyambak. Menawi mundhut jajanan utawi dhedhaharan konsekuensinipun kedah mbayar reginipun jajanan menika. Sanajan wonten ngriku kapasang kamera CCTV, ananging ugi taksih wonten tiyang ingkang boten jujur, namung mundhut jajanan lan boten mbayar. Kawontenan menika saged njalari warung kejujuran menika bangkrut amargi kathah tunanipun. Wonten ing ngriku ugi kaserat tetembungan ingkang saged mengaruhi tiyang supados tumindak jujur, kadosta “Matur nuwun, sampun tumindak jujur”.


Miturut Eriskiwati mahasiswa Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah, piyambakipun sampun nate sadeyan jajanan arupi arem-arem kaliyan risoles wonten ing warung kejujuran menika. Piyambakipun nate tuna, lan namung angsal arta Rp. 24.000,00 kemawon, barangipun telas ananging cacahipun arta boten trep kaliyan ingkang samesthinipun. Sadeyan kados menika kala wau menawi saweg rame utawi ngepasi wonten event tartamtu saged ngasilaken arta ngantos Rp. 126.000,00. Ananging samenika bathinipun udakawis Rp. 70.000,00 ngantos Rp. 80.000,00 kemawon.

            Warung kejujuran menika ugi saged kangge sarana nggladhi jiwa wirausaha. Dados menawi badhe sadeyan menika kedah nggatosaken resiko-resiko menapa kemawon ingkang badhe dipun-adhepi, boten namung bathi ingkang dipunkasilaken. Panyade menika kedah kreatif anggenipun masaraken barang daganganipun, sampun ngantos barang ingkang dipunsade kalah saing kaliyan boten pajeng. Kados pundi caranipun sadeyan dhedhaharan kaliyan sanesipun ingkang dipun-betahaken kaliyan tiyang kathah ugi narik kawigatosanipun tiyang sanes saengga ngasilaken bathi ingkang kathah.



                                                                                    Dening Tanti Sekar Ratri