Lontar
Bali Ingkang Kawentar
Masyarakat
Bali minangka perangan bangsa Indonesia nggadhahi wujud kabudayan ingkang
maneka warna. Salah satunggaling wujud budaya kasebut inggih menika naskah
lontar. Naskah lontar menika awujud seratan mawi aksara Bali ingkang dipunserat
mawi medhiya ron tal. Naskah kasebat sinerat kanthi adhedhasar kahanan tartamtu
nalika naskah kasebat sinerat.
Lontar
Bali menika sinimpen ing maneka warni papan, kadosta Gedhong Kirtya,
Perpustakaan Universitas Udayana, Perpustakaan Dinas Kebudayaan Bali, lan
sanes-sanesipun. Lontar-lontar ingkang kasimpen wonten ing papan kasebat arupi
naskah salinan. Dene naskah lontar ingkang asli menika taksih wonten ing
masyarakat mliginipun para pandhita.
![]() |
gambar lontar bali |
Lontar
minangka medhiya tulis menika asalipun saking ron tal/siwalan. Proses saking
ron mentah dumugi lontar siap tulis menika mbetahaken wekdal paling sekedik 6
dumugi 12 sasi. Ron tal ingkang sampun dipun-pethik lajeng dipun-kethok miturut
ukuran ingkang dipunkajengaken, lajeng dipunpepe tahap kapisan. Sasampunipun
dipun-pepe lontar lajeng dipunresiki, dipun-godhog, lan dipun-pepe malih ngantos
kaping pindho. Lontar lajeng dipun-pres supados rata ...
Lajeng bageyan ngiringanipun lontar
dipun-ratakaken. Proses salajengipun inggih menika nyukani bolongan supados
lontar gampil anggenipun nyusun. Lontar tumuli dipunsukani garis gumantung ingkang
dipunkajengaken. Lontar ingkang nglampahi proses ingkang dangu kados makaten kalawau
sampun saged kangge nyerat.
Anggenipun
nyerat mawi medhiya lontar ngginakaken alat ingkang dipun wastani pengrupak.
Pengrupak menika awujud peso alit. Seratan dipundamel kanthi nggoresaken wonten
sanginggiling lontar. Seratan lajeng dipun-olesi areng kemiri ingkang sampun
dipunbakar. Areng menika dadosaken seratan lontar menika langkung cetha amargi
wernanipun cemeng.
![]() |
gambar pengrupak |
Lontar miturut jinisi
bahanipun kaperang dados kalih, inggih menika lontar kedis (peksi)
ingkang amba-amba, kaliyan lontar taluh (tigan) ingkang langkung alus
lan sae.
Aksara minangka sarana
panyerating lontar menika wonten maneka warna. Basa jawa kuno kangge nyerat
kakawin lan parwa, basa kawi kangge nyerat lontar tutur, dene basa bali kangge
nyerat geguritan.
Panyerating naskah
lontar menika wonten mapinten-pinten tema kadosta filsafat, kidung, kanda (ilmu
praktis), sasana, kakawin, geguritan, babad, wariga (ilmu perbintangan),mantra,
usada (jampi), satwa (cerita rakyat) lan sanes-sanesipun.
![]() |
Gambar nyerat mawi medhiya lontar |
Koleksi lontar ingkang
wonten Dinas Kebudayaan Bali menika saking anggenipun nyalin (program
pemerintah), ugi wonten kelompok masyarakat ingkang nitipaken koleksinipun
dhateng museum. Anggenipun nyalin lontar menika boten sembarang tiyang,
ananging tiyang ingkang profesional ing bidhangipun. Dene ingkang wonten
Gedhong Kirtya menika ugi asiling salinan naskah ingkang dipunsalin dening
karyawan Kirtya.
Wonten ing salebeting
perpustakaan Dinas Kebudayaan Bali, anggenipun nyimpen lontar ingkang sipatipun
sakral kaliyan profan menika boten dipun-pisah. Miturut Wiriawan sipat
sakralipun lontar menika boten ateges lontar namung dipunsimpen kemawon lan boten
pareng dipunbikak. Perangan ingkang sakral saking lontar inggih menika ilmu
ingkang wonten salebetipun. Dene lontar ingkang sipatipun sakral kaliyan profan
anggenipun nyimpen dipunpisah manawi wonten ing Gedong Kirtya. Lontar ingkang
asipat sakral menika dipun-kurmati sanget. Ruangan ingkang kangge nyimpen ugi
steril sanget, ngantos tiyang estri ingkang sami halangan boten pareng mlebet
papan kasebat.
Lontar ingkang kasimpen
wonten ing tigang papan kasebat, dipunrawat kanthi ngatos-atos. Saben wulanipun
kropak menika dipunbikak, lajeng dipunparingi kapur barus sacekapipun. Dene
lontaripun dipun-olesi cairan alkohol lan minyak sereh. Cairan alkohol minangka
antiseptik supados lontar menika steril lan boten dipuntedha organisme. Minyak
sereh ndadosaken lontar menika lentur. Menawi kawontenanipun lontar menika
garing saged dadosaken lontar gampil tugel. Lajeng manawi badhe ndadosaken
seratan ketingal langkung cetha, dipun-ginakaken areng saking kemiri ingkang
dipunbakar rumiyin. Lontar ingkang dipunrawat kanthi temenan saged ngantos umur
atusan taun.
![]() |
Gambar kropak minangka kothak kangge nyimpen lontar |
Lontar minangka asiling
kabudayan menika dados benda budaya ingkang wigatos sanget. Wigatining wosing
lontar menika ndadosaken pemerintah daerah ngupiya supados lontar boten kasirep
jaman. Upiya ingkang dipunlampahi maneka warna kadosta ngawontenaken seminar
babagan lontar, nambahi koleksi lontar saben taun mliginipun ingkang dereng
wonten salinanipun, lomba nyerat lontar, lan sanes-sanesipun. Pemerintah ugi
maringi apresiasi dhumateng sinten kemawon ingkang purun nyerat lontar, saben
lembar lontaripun dipunbayar Rp. 60.000,00 menawi terjemahan / alih aksara per
lembaripun Rp. 30.000,00. Dhasari nggenipun mbayar menika sampun katetepaken
wonten ing salebeting peraturan gubernur.
Lontar ugi sampun kadamel
mawi bentuk digital. Lontar menika saged dipunakses wonten pundi kemawon boten
winates wekdal. Gambaripun cetha lan ugi wonten terjemahanipun. Lontar menika
saged dipunakses lan dipun-undhuh ing alamat www.babdbali.com
kaliyan www.archive.org.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar