Selasa, 17 Desember 2013

Caranipun Damel Carang Gesing (Wacana Prosedural)

Carang Gesing mujudaken salah satunggaling tetedhan tradisional.

Ubarampe ingkang dipunbetahaken:
·         10 iji pisang raja, lajeng dipunrawis 1,5 cm
·         500 ml santen klapa
·         125 gram gendhis pasir
·         4 butir tigan ayam
·         3 lembar ron pandhan
·         Sarem sacekapipun
·         Ron pisang kangge mbungkus
·         Biting
Caranipun damel:
ü  Campur gendhis kaliyan tigan, lajeng dipunkocok ngantos alus. Santen kaliyan sarem lajeng dipunlebetaken, kocok malih lajeng dipunsaring.
ü  Pendhet salembar ron pisang, lajeng dipunparingi irisan ron pandhan minangka lambaranipun, pisang dipunlebetaken lajeng dipunsiram adonan sacekapipun. Adonan kaliyan pisang lajeng dipunwungkus lan dipunbitingi.
ü  Adonan pisang lajeng dipun-adang udakawis 30 menit ngginakaken geni sedhengan.
ü  Carang gesing saged dipunrahabi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar