Minggu, 22 Desember 2013

Kirab saha Jamasan Pusaka ing Suralaya (Feature Budaya)



Puncak Suralaya mujudaken salah satunggaling papan wisata ing wewengkon Dusun Keceme, Desa Gerbosari, Kecamatan Samigaluh, Kabupaten Kulon Progo. Papanipun langkung inggil tinimbang sanesipun. Margi dhateng mrika ugi minggah ndeder ananging daya tarik wisata ing papan menika kagolong inggil, langkung-langkung ing wulan Sura.  Ing papan menika asring katindakaken kirab lan jamasan pusaka nalika ing wulan Sura. Wulan Sura inggih menika wulan kapisan miturut kalender Jawa, saha kalebet wulan ingkang sakral. Saengga kathah panggenan ingkang nindakakaen pahargyan ageng, kadosta kirab saha jamasan pusaka menika.
          Tradisi menika kawiwitan nalika taun 1956, kanthi ancas kangge kemakmuran masyarakat wewengkon mriku. Ananging samenika kapitadosan kasebat taksih katindakaken minangka kearifan lokal lajeng dipunrembakakaken dados desa wisata, saengga saged mbiyantu ekonominipun para warga. Kirab saha jamasan pusaka menika ugi dados salah satunggaling cara kangge nglestantunaken budaya Jawi. Adicara menika ugi dipunsengkuyung kaliyan pemerintah Kabupaten Kulon Progo ugi kaliyan masyarakat mriku.
          Adicara ingkang sepisanan inggih menika kirab gunungan lanang ingkang isinipun maneka warni asil bumi kadosta kacang lanjaran, pari, terong, lombok, jagung, lsp. Maknanipun gunungan inggih menika raos syukur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun paring rezeki ingkang kathah. Gunungan menika dipunarak saking dalemipun Bapak Dukuh Keceme dumugi panggenan kangge jamasan.
Gunungan dipunarak tumuju Sendang Kawidodaren.





Tombak Kyai Manggolo saha Songsong Kyai Manggala Dewo
          Adicara inti inggih menika jamasa pusaka ingkang arupi Tombak Kyai Manggolo saha Songsong Kyai Manggala Dewo, pusaka menika simbol saking Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat ingkang ngayomi saha njagi masyarakat Kulon Progo menika minangka wewengkonipun. Kalih pusaka menika dipunjamas wonten ing Sendang Kawidodaren. Ing papan menika wonten tuk ingkang dipunpitadosi saged ndadosaken pepinginan kita saged kalampahan menika nyucekaken dhiri lan ndedonga wonten mrika. Saderengipun dipunjamas, pusaka menika dipunarak saking papan panyimpenan wonten dalemipun Bapak Dukuh Keceme dhateng Sendang Kawidodaren, kanthi dipundhereki gunungan asil bumi kangge para Dewa.
Pusaka arupi tombak saha songsong saweg dipunjamas.
Saderengipun dumugi ing papan kangge jamasan, wonten patung Punakawan minangka patung selamat datang ingkang nggadhahi nilai filosofis ingkang inggil. Semar menika prasaja, boten remen umuk, saha boten gumunan, Gareng menika ngatos-atos, sae dhateng tiyang sanes, saha andhap manahipun, saha Bagong ingkang dipunpitadosi tiyang sans boten nate rugi saha tangguh. Sangajengipun patung menika wonten panggung kangge nggelar kesenenian tradisional, kadosta Tarian Angguk ingkang mujudaken kesenian tradisonal Kabupaten Kulon Progo.
 
Kesenian Angguk minangka kesenian tradisional saking tlatah Kulon Progo.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar