Masyarakat Jawa kagolong
nggadhahi kabudayan ingkang luhur. Salah satunggaling wujud budaya kasebut
inggih menika awujud sengkalan. Sengkalan saking basa Sansekerta saka + kala,
ingkang nggadhahi teges basa rinengga ingkang dipun-ginakaken kangge nyerat
taun. Sengkalan ugi saged awujud wangsalan, parikan, kérata basa, bebasan,
paribasan, lan sanes-sanesipun (Macaryus, 2007: 187). Sengkalan nggadhahi struktur
lan wosing tartamtu. Tuladhanipun “mulat sarira hangrasa wani” nggadhahi teges
mulat makili angka 2, sarira makili angka 8, hangrasa makili angka 6, lan wani
ingkang makili angka 1. Dados “mulat sarira hangrasa wani” nggambaraken taun
1682. Anggenipun maos sengkalan inggih menika saking wingking.
Sengkalan
nggadhahi tigang unsur inggih menika reroncening tembung (gambar, ornamen),
angka, lan taun. Gambar lan ornamen wonten sengkalan saged dipunewahi wujudipun
dados reroncening tetembungan kangge mujudaken angka taun ingkang
dipunkajengaken. Reroncening tetembungan kasebat nggadhahi teges angka. Angka
kasebat dipuntata kanthi linear kangge mujudaken angka taun ingkang
dipunkajengaken. Anggenipun nata angka saking perangan wingking tumuju
ngajengan (Macaryus, 2007: 190).
Miturut
jinisipun, sengkalan saged kaperang dados kalih, inggih menika:
1.
Suryasengkala
Inggih menika sengkalan ingkang
dipudamel kangge mengeti angkaning taun surya.
Tuladhanipun “Sabda Pandhawa Raga
Nyawiji” ingkang nggambaraken taun 1957. Sabda nggadhahi watak 7, pandhawa
nggadhahi watak 5, raga nggadhahi watak 9, lan nyawiji ingkang nggadhahi watak
1.
2.
Candrasengkala
Inggih menika sengkalan ingkang
kadamel kangge mengeti angkaning taun candra/rembulan.
Tuladhanipun “Sirna Ilang Kertaning
Bumi” minangka tetenger bedhahing nagari Majapait. Tembung Sirna kaliyan ilang
nggadhahi watak 0, tembung kertaning nggadhahi watak 4, lan tembung bumi
nggadhahi watak 1.
Miturut wujudipun, sengkalan
kaperang dados tiga inggih menika:
1.
Sengkalan lamba
Inggih menika sengkalan ingkang
dipundamel mawi tetembungan ingkang prasaja, mapanipun wonten ing salebeting
ukara.
Tuladhanipun “Suci Tata Ngèsthi
Tunggal” ingkang nengeri taun 1854.
2.
Sengkalan miring
Inggih menika sengkalan ingkang
kadamel saking tetmbungan ingkang miring saking tetembungan watak sengakalan
lamba, lan wontenipun ing satengahing ukara.
Tuladhanipun “Lungiding Wasita
Ambuka Bawana”. Tembung lungid tegesipun sami kaliyan landhep ingkang nggadhahi
watak 5, tembung wasita sami kaliyan pitutur, amargi pitutur menika wonten
gayutanipun kaliyan wiku utawi pandhita ingkang nggadhahi watak 7, tembung
ambuka nggadhahi watak 9 amargi dipunanggep makili saking gapura utawi kori,
dene tembung bawana tegesipun sami kaliyan bumi ingkang nggadhahi watak 1. Dados
“Lungiding Wasita Ambuka Bawana” makili taun 1975.
3.
Sengkalan memet
Inggih menika sengkalan ingkang
kadamel mawi gambar utawi ornamen tartamtu.
Tuladhanipun
Sengkalan
memet ing nginggil kawaos “Werdu Yaksa Naga Raja” ingkang makili taun 1835.
Nilai
angka wonten sengkalan menika asalipun saking tetembungan ingkang nggadhahi
wtak tartamtu. Miturut Mulyani (2011: 53-54) watakipun tembung ingkang
dipun-ginakaken wonten ing sengkalan inggih menika:
1. Watak Setunggal
Barang (perangan angganing manungsa utawi kewan) ingkang cacahipun namung
setunggal, barang ingkang awangun bunder, janma utawi manungsa. Utawi saged
ngginakaken tembung kanthi dhasar sarana guru dasanama, inggih menika
tembung ingkang sami tegesipun dipun-anggep sami watak (aji) wilanganipun.
Kadosta: pratiwi, pratala, bantala, kisma, bumi, candra, ratu, lsp.
2. Watak Kalih
Barang ingkang cacahipun temtu kalih. Utawi saged ngginakaken tembung
kanthi dhasar sarana guru sastra, inggih menika tembung ingkang
nelakaken namaning barang kalihan pakartinipun (kanggenipun) kaanggep sami
watak wilanganipun, umpaminipun: mripat-mandeng, tangan-nyembah, paksa (swiwi),
karna, lsp.
3. Watak Tiga
Latu inggih sadaya barang mawi latu. Utawi saged ngginakaken tembung kanthi
dhasar guru dasanama, inggih menika pawaka, upet, bahni, dahana.
4. Watak Sekawan
Toya, inggih sadaya tembung ingkang ateges toya utawi wujud toya.
Umpaminipun: wedang, jaladri, waudadi, warih, her, pancuran, sumber, tlaga,
udan, baruna, tirta, we, ranu, tawa, lsp.
5. Watak Gangsal
Buta, panah (jemparing), angin. Tembung-tembung ingkang ateges buta, panah
(jemparing), saha angin. Umpaminipun: yaksa, danawa; sara, warayang; barat
sembribit, semilir, sindhung, lsp.
6. Watak Nenem
Araning raos (legi, kecut, pedhes, pait, asin, gurih; getir, sepet, langu, leteng),
tembung ingkang ngemu suraos ebah (obah, oyog, oyag, moyag-mayig), sha tembung
ingkang mawa teges sadpada (walang, tawon, kinjeng, kumbang).
7. Watak Pitu
Pendhita gunung pitu nunggang jaran. Tegesipun tembung ingkang awatak pitu
menika: pendhita(= resi, wong suci, bagawan, lsp); gunung (= ardi, prawata, redi, aldaka, lsp);
pitu (= sapta, sastra swara: a, i, u ,e o, re, le, lsp); nunggang (= numpak,
nitih, lsp); jaran (= turangga, kuda, kapal, titihan), lsp.
8. Watak Wolu
Gajah (=esthi, liman, dwipangga, lsp); kewan rumangkang (reptil) (= naga,
sawer, salira,bunglon, cecak, lsp) utawi saged ngginakaken tembung kanthi
dhasar sarana guru sastra, inggih menika tembung igkang panyeratipun
sami, sanadyan bed tegesipun watak wilanganipun dipun-anggep sami. Kadosta:
esthi ateges sedya sami kalihan esthi ateges gajah menika awatak 8, lsp.
9. Tembung ingkang ateges dewa (jawata, bathara,
apsara lsp) saha barang-barang ingkang kaanggep bolong (gapura, lawang, wiwara,
dwara, guwa, babahan, rong, song, lsp).
10. Watak Das (0)
Tembung-tembung ingkang ngemu suraos boten wonten: sunya, suwung,
langit, gegana, bomantara, awang-awang, sirna, ilang, telas, adoh, tan, das,
moksa, oncat, nir, brastha, rusak, lsp.
Sumber
Bahan Ajar
Basa Jawa XI SMA 2 Wonosobo
Macaryus, Sudartomo. 2007 . “SENGKALAN:
TINJAUAN STRUKTUR DAN ISI”. SINTESIS. Jilid 5. No. 2. hlm. 187 – 204.
Mulyani,
Hesti. 2011. Komprehensi Tulis Jawa. Yogyakarta: Fakultas Bahasa dan
Seni, Universitas Negeri Yogyakarta.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar