Minggu, 22 Desember 2013

Manis Konveksi (Profil Kewirausahaan)


Nama Wirausaha       : Manis Konveksi
Alamat                        : Dawung RT 03/RW 09, Gombang, Cawas, Klaten
Pemilik                        : Bapak Paijo Hardo Karyono saha Ibu Yayuk Sulastri
Produk                        : Selimut, Sprei, Bed Cover, Bantal,Guling, Baju tidur, Daster, Kaos, Blus  Batik,Pakaian dewasa, Pakaian anak-anak, Celemek, Celana, Jaket, Tas saha Keset.

Krisis moneter ingkang kadadosan taun 1998 kepengker nyebabaken PHK kanthi cacah ingkang kathah. Bapak Paijo dados salah satunggaling korban PHK menika ugi ngraosaken akibatipun, saengga piyambakipun kedah ngupiya supados kaluwarganipun cekap kabetahanipun. Piyambakipun lajeng mbikak usaha konveksi menika. Saderengipun mbikak konveksi menika, piyambakipun sampun nyobi usaha sanesipun kadosta nyetor tigan saha dhangsul dhateng para pedagang, ananging asilipun boten ngremenaken saha kathah kendalanipun. Usaha sadeyan tigan menika kathah ruginipun amargi tigan kathah ingkang pecah dipunsebabaken kawontenanipun margi ingkang kirang sae. Usaha konveksi menika dipunpilih amargi barang asiling produksi daya anggenipun nyimpen langkung dangu manawi katandhingaken kaliyan dhedhaharan. Sedaya tiyang ugi mbetahaken busana sadangunipun gesang. Wulan Agustus 1998, Bapak Paijo saha garwanipun Ibu Yayuk mbikak usaha menika kanthi modhal awal Rp. 1.500.000,00. Angsalipun modal kasebat kanthi cara ngampil kaliyan sedherek caketipun. Usaha konveksi kasebat dipunparingi nama Manis Konveksi.
Manis Konveksi
Sedaya perkawis dipuntindakaken piyambak dening Bapak Paijo saha Ibu Yayuk, kadosta pados bahan baku, proses produksi, fininshing, ngantos anggenipun masaraken produk. Babagan menika dipunsebabaken modal ingkang winates saengga dereng cekap kangge mbayar upah karyawan. Bahan baku menika saking Solo, lajeng dipunpotong miturut pola ingkang sampun kasamektakaken. Salajengipun Ibu Yayuk piyambak ingkang njait, ngobras, saha ngemasi produk kasebat. Produk ingkang sepisanan dipundamel inggih mneika jamper. Ngantos dumugi samenika sampun katambahan damel pirantining sare kadosta bed cover, selimut, seprei, baju tidur, bantal, saha guling. Manis Konveksi ugi damel kaos, blus batik, celana, tas, keset, ngantos celemek.

Kain ingkang sampun dipunpotong miturut pola lajeng dipunjait
Bapak Paijo saha Ibu Yayuk asring nyekapaken pakaryanipun dumugi dalu. Sasampunipun 3 wulan, usaha menika wiwit ngatonaken asilipun.  Bapak Paijo lajeng pados kalih karyawan, setunggal minangka penjait saha sanesipun minangka pemotong kain. Ngantos dumugi samenika karyawan Manis Konveksi cacahipun ngantos 20 tiyang minangka penjait saha tigang tiyang minangka pemotong kain.
Caranipun motong kain
Produk ingkang sampun dados dipunpasaraken ngantos dumugi sajawining Pulo Jawa. Kadosta Lombok, Pare-pare, Palu, Kalimantan, Bengkulu, saha Flores. Kangge para konsumen ingkang wonten area Klaten cekap tindak langsung dhateng Manis Konveksi kanthi alamat Dawung RT 03/ RW 09,Gombang, Cawas, Klaten. Saking pusat kota Klaten namung 30 menit kemawon. Posisi usaha menika strategis sanget awit saking wonten ing jalan alternatif Klaten-Wonogiri. Konveksi menika ugi nglayani sadeyan barang mawi grosir utawi eceran kanthi regi relatif miring. Saengga saged ngrambah sedaya kalangan saking ekonomi ngandhap, cekapan, dumugi inggil. Daftar regi produk Manis Konveksi kados ing ngandhap menika.
  1. Selimut Polos ukuran 2 m x 1,6 m                : Rp 35.000,00
  2. Selimut Polos ukuran 1,5 m x 1,5 m             : Rp 25.000,00
  3. Selimut Polos bayi                                         : Rp 8.000,00
  4. Selimut Motif ukuran 2 m x 1,6 m               : Rp 45.000,00
  5. Selimut Motif ukuran 1,5 m x 1,5 m             : Rp 33.000,00
  6. Selimut Motif bayi                                         : Rp 10.000,00
  7. Paket Bed Cover lengkap ukuran single        : Rp 180.000,00
  8. Paket Bed Cover lengkap ukuran double      : Rp 285.000,00
  9. Sprei single 1 sarung bantal/guling               : Rp 50.000,00
  10. Sprei double 1 sarung bantal/guling             : Rp 65.000,00
  11. Sprei single  tanpa sarung bantal/guling      : Rp 32.000,00
  12. Sprei double 1 sarung bantal/guling             : Rp 35.000,00
  13. Sarung bantal /guling ukuran normal         : Rp 5.000,00
  14. Taplak meja                                                    : Rp 15.000,00 - Rp 25.000,00
  15. Celemek                                                          : Rp 5.000,00
  16. Jaket anak                                                       : Rp 8.000,00 - Rp 13.000,00
  17. Jaket dewasa                                                   : Rp 15.000 - Rp 25.000,00
  18. Celana trening                                                : Rp 20.000,00
  19. Kaos                                                                : Rp 10.000,00 - Rp 30.000,00
  20. Pakaian batik                                                  : Rp 20.000,00 - Rp 50.000,00
  21. Pakaian anak-anak                                         : Rp 2.000,00 - Rp 40.000,00
  22. Baju tidur                                                        : Rp 25.000 - Rp 40.000,00
  23. Daster                                                             : Rp 20.000,00 - Rp 35.000,00
  24. Tas                                                                   : Rp 10.000,00 - Rp 50.000,00
  25. Keset                                                               : Rp 1000,00-Rp 5.000,00
  26. Lampin                                                            : Rp 3.000,00
 
Manekawarna produkipun Manis Konveksi kadosta rasukan, bantal, sprei, tas, lsp.

Manis Konveksi asring nggadhahi inovasi-inovasi produkipun, saengga saged majeng ngantos 15 taun kados sapriki. Inovasi menika rupi gentosipun produk ingkang dipunasilaken saha damel variasi produk. Barang ingkang dipunasilaken maneka warna ukuran saha motifipun. Kain-kain perca ingkang sisa saking damel jaket saha selimut lajeng dipundadosaken keset. Saengga boten wonten sisa kain ingkang muspra. Manis Konveksi ugi damel produk saking permintaan pasar saha ndherek kaliyan tren ingkang dipunremeni masyarakat samenika. Produk ingkang dipunasilaken ugi nggadhahi ciri khas ingkang mbedakaken kaliyan konveksi sanesipun. Ciri khas produk ingkang dipunasilaken inggih menika ngginakaken tigang jinis kain inggih menika emen, emen printing saha katun.
Manis Konveksi ugi nggadhahi komitmen kangge njagi kualitas produkipun saengga konsumen langkung kathah cacahipun. Manis Konveksi ugi ngawontenaken kerjasama kaliyan konveksi sanesipun. Wujudipun kerjasama inggih menika barter produk kaliyan pengusaha konveksi sanes.
Upyanipun Bapak Paijo saha Ibu Yayuk nindakaken bisnis konveksi menika patut dipunacungi jempol. Wonten era pasar bebas ingkang saweg lumampah samenika, produkipun taksih saged saingan kaliyan produk luar negeri. Babagan kasebat nedahaken bilih produk lokal menika kulaitasipun boten kalah kaliyan produk luar negeri.
           

Tidak ada komentar:

Posting Komentar