Jago-jago wis
padha kluruk, srengenge uga durung njedhul. Hawa adhem krasa nganti tekan
balung. Swaraning cenggeret isih keprungu banter. Wong-wong durung akeh sing
gaweyan ing njaba omah.
Esuk kuwi simbah
putri wis tandhang gawe ana pawon. Hawa adhem ora ngendhoni gregete simbah.
Kaya biasane, simbah nggodhog banyu lan ngliwet kanggo putu-putune si Lestari
lan Agung. Bocah loro kuwi ndherek karo simbah wiwit cilik, amarga bapakne wis
tilar donya lan ibune nggolek pangupa jiwa ing kutha Surabaya. Lestari, prawan sunthi welasan taun kuwi pancen
gemati marang simbah lan adine. Ayu rupa lan solah bawane, tansah agawe kesengseming
liyan. Dheweke pancen sregep, saben dina tangi mruput. Ora lali ngewangi simbah
putri ana pawon sadurunge mangkat
sekolah.
“Mbakyumu endi
Gung? Wis yahmene kok durung tangi!” pitakone simbah marang Agung.
“Mbak Tari
taksih tilem mbah, mbok menawi sayah” wangsulane Agung.
“Gugahen le, mengko mundhak kawanan anggone mangkat sekolah. Sapi lan pitike aja lali dipakan ya le” dhawuhe simbah marang Agung.
“Gugahen le, mengko mundhak kawanan anggone mangkat sekolah. Sapi lan pitike aja lali dipakan ya le” dhawuhe simbah marang Agung.
“Inggih mbah”
wangsulane Agung. Dheweke banjur nggugah mbakyune ana njero. Terus menyang mburi makani sapi lan
pitik kaya padatan.
Lestari tangi
mak gregah, dheweke kaget banget ditangekake karo adhine. Mripate isih
kriyip-kriyip sinambi mlaku menyang pawon nemoni mbah putri. Lakune alon-alon,
njagani dheweke nabrak bekakas sing ana omah kuwi.
“Kadingaren
awakmu tangi rada awan nok?” pitakone simbah marang Lestari, sajak ora kaya
biasane.
“Inggih mbah,
radi sayah. Kalawingi kathah kegiyatan wonten sekolah” wangsulane Lestari.
“Iya… sanajan
awakmu akeh kegiyatan nanging kasarasane tetep dijaga nok. Sekolah sing pener,
yen pinter sing nganggo ya ora liya awakmu dhewe nok!” pituture simbah marang
putune.
“Inggih mbah,
mugi pepinginan becik kula lan simbah saged kasembadan” kandhane Lestari.
“Wis adus sik,
mengko mundhak telat anggonmu mangkat sekolah”
“Inggih mbah”
wangsulane Lestari sinambi mlaku menyang kolah sing ana mburi omah.
Sawise adus Lestari
banjur tata-tata arep mangkat sekolah, ora lali sarapan. Dheweke mesthi pamitan
marang simbah putri. Kakang adhi kuwi
banjur mangkat sekolah bareng. Jarak saka
ngomah menyang sekolah kurang luwih 2 kilometer ditempuh kanthi mlaku. Sanajan
mangkono, ora ngendhoni gregete bocah sakloron kuwi kanggo ngudi
kawruh. Tekan dalan Lestari kepethuk kancane sakkelas, jenenge Susanti. Mlaku
bebarengan akeh kancane, ora lali mbahas wulangan sing mengko arep diwulangake
karo bapak ibu guru. Anggone mlaku
sinambi guneman, ora krasa wis tekan ngarep sekolahan.
Tekan sekolahan,
Lestari lan Susanti banjur mlebu kelas. Limang menit maneh bel mlebu keprungu
banter. Wulangan esuk kuwi Matematika, ngrembug Trigonometri. Para siswa padha
meneng, nggatekake wulangan kanthi tenanan. Lestari uga sinau kanthi tenanan.
Dheweke nduweni prinsip, kabeh pagaweyan menawa ditindakake kanthi tenanan
bakal nuwuhake asil kang becik. Ing sekolah dheweke pancen klebu bocah kang
encer pikire. Saben semester mesthi klebu urutan limang besar. Malah dheweke
kepilih makili propinsi ing olimpiade matematika tingkat nasional.
Watara jam
setengah loro bel mulih keprungu. Para siswa
SMP kuwi padha gembrudug ninggalake sekolahan.
Lestari, Agung lan sakanca-kancane padha mlaku mulih bebarengan. Kegiyatan kaya
mengkono akeh manfaate, kayata ngraketake paseduluran lan ngawekani yen ana
apa-apa ing dalan ana sing dijaluki tulung.
Satekane ing
ngomah, Lestari banjur cucul lan ngrewangi simbah maneh. Dheweke umbah-umbah
lan ngresiki omah. Agung ora ketinggalan ngewangi ngarit ana ngalas. Bocah sakloron kuwi kudu pinter mbagi wektu kanggo
ngewangi pagaweyan omah lan sinau.
“Mbah, sampun
sedaya padamelanipun. Kula badhe tilem sekedhap rumiyin mbah” panjaluke Lestari
marang simbahe.
“Iya nok, lerena
yen kesel…” wangsulane simbah.
Dina kuwi hawane
panas ora kaya biasane, kewan-kewan alas kaya kethek, macan, bangsa unggas, lsp
padha mudhun gunung. Sajake Gunung Merapi arep ngetokake gamane kang kerep diarani wedhus gembel.
Gempa bumi uwis kerep krasa ing kana kene. Swara gembludhug saka jroning bumi
lan sirine kaya-kaya ngebaki jagad. Ngendi-ngendi katon klawu. Awit udan awu
saya kerep. Kahanan kang mangkono mau
ndadaekake warga desa kapeksa ninggalake desane
saperlu nggolek slamete nyawa. Para relawan
diewangi tentara mbujuk para warga desa ing lereng gunung kuwi supaya gelem ngungsi. Truk-truk
kanggo evakuasi disiapake. Wengine,
kabeh desa ing lereng Merapi kudu dikosongke, njagani menawa ana kadadeyan
apa-apa. Ora lali kewan-kewan ternak duweke
para warga uga dilungakake.
Simbahe Lestari
sakaluwarga uga melu ngungsi ana ing bale desa Argomulya, Cangkringan, Sleman. Anggone
ngungsi ora perlu nggawa bandha sakabehane. Mung perlu nggawa klambi sakcukupe
lan nggawa surat-surat penting kayata sertipikat tanah. Saya wengi pengungsi saya akeh sing tumeka ing barak
pengungsian iki. Daerah siaga bencana sing katetepake dening pemerintah saya
amba. Kanggo njagani kadadeyan sing ora-ora kabeh pengungsi dipindahake menyang
Stadion Maguwoharjo.
“Mbah kula ajrih
sanget menawi redinipun njeblug mbah…” kandhane Lestari.
“Ora apa-apa
nok, kudu tansah ndedonga marang Pangeran, muga-muga diparingi keslametan.
Pancen lakune kudu ngene nok” wangsulane simbah ngayem-yemi putune.
Wengi kapisan
ing pengungsian, Lestari tansah ora jenak anggone turu. Mripate merem ananging
pikire ora bisa semeleh. Dheweke kudu menyang olimpiade Matematika makili
propinsi menyang Jakarta. Ninggalake simbah lan adhine ing pengungsian. Dheweke ngrasa abot banget
anggone mangkat lomba, atine ora tegel ndelengi situasi sing lagi genting kaya
mengkono. Ananing kepiye maneh, dheweke
nduweni kewajiban melu olimpiade iku.
“Nok… Simbah
karo adhimu ning kene mung bisa ndongakne awakmu, ora bisa nyangoni apa-apa. Mugi
Sang Pangeran tansah maringi dalan padhang
kanggo kita kabeh” .
Krungu pituture
simbah kaya mengkono Lestari ngrangkul simbah lan adhine kenceng banget.
Kaya-kaya ora gelem ninggalake. Ora krasa Lestari mbrebes eluhe, atine trenyuh.
Dheweke kudu kuat, awit iki kabeh pacobaning urip saka Sang Pangeran. Esuk kuwi
Lestari kudu mangkat makili
olimpiade. Sawise nyuwun pangestu karo
simbah lan adhine, dheweke uga ora lali pamitan karo
pengungsi liyane.
Swara gembludug
tansaya gamblang keprungu. Udan awu campur pasir tansaya kerep tumiba. Ngendi-ngendi
katone mung klawu. Esuk kuwi malah memper mbengi. Soroting srengenge nganti ora
bisa nembus kandeling pedhut. Saka laporan petugas SAR ngandhakake yen gununge
wis ngetokake wedhus gembel. Material vulkanik kayata watu-watu gedhe uga metu
saka jroning bumi. Kali-kali sing mbiyene sat dikeruki pasire saiki katon
meleb-meleb kebak pasir. Omah-omah padha ambruk dilewati awan panase Merapi.
Kewan lan tetanduran padha mati, ora kuwat kebrongot panasing mawa. Akeh
sapi-sapi duweke pengungsi mati pating cekengkang. Kabeh wis rata kesapu awan
panas tanpa sisa. Kabar kuwi mau ora gage-gage dikandhakake marang pangungsi.
Njagani menawa durung siap nampa kabar kang kurang becik kuwi.
Watara limang
dina saka njebluge Merapi, Lestari mulih saka olimpiade. Praene tansah
sumringah, sajak ketiban lintang kamulyan. Dheweke bisa ngrebut juara 2 tingkat
nasional. Kabar bungah kuwi banjur dikandhakake karo simbah lan adhine. Kanthi
bungahing manah, kaluwarga cilik kuwi ora mandheg-mandheg ngucap syukur marang
Sang Pangeran. Ora nyana, kahananing alam
kaya mangkono, ora ngendhoni gregete kenya ayu kuwi.
“Mbah… Kados
pundi situasi wonten ngriki rikala
kula dhateng Jakarta?” pitakone Lestari.
“E… ya kaya
mangkene iki nok. Urip sak anane, nganggo bantuan saka pemerintah. Nok… aja
kaget, aku ki ya mung ngandhani awakmu yen omahe dhewe wis rata karo lemah
kasapu awan panas. Ingon-ingone
dhewe kabeh pada mati kepanggang mawa. Kuatno atimu nok” kandhane simbah kanthi
netesake eluhe.
Lestari mung meneneg wae, ora krasa tumetes luhe
ing pipi. Dheweke ora bisa kumecap
apa-apa. Ananging dheweke kudu kuwat nampa kanyatan sing wis dumadi.
Sang Pangeran mesthi nduwe kersa kang luwih becik tinimbang sak durunge. Kabeh
manungsa mung bisa nyenyuwun kanthi andhap asor lan resiking manah. Sejatine
manungsa iki ora ana apa-apane karo kekuwasane Sang Pangeran, mula ora pantes
kumalungkung urip ing alam donya.
###
Tidak ada komentar:
Posting Komentar