Prei pungkasaning
semester 4 kalawingi kula sakanca menyang Pantai Pok Tunggal. Papanipun pancen
tebih, wonten ing Kecamatan Tepus, Gunung Kidul. Margi dhateng pantai menika
kathah-kathahipun pategalan para warga saha ngliwati alas Wanagama. Kula
sakanca nyarter mobil, amargi tiyang kathah ingkang tumut. Sasampunipun
nglampahi perjalanan kirang langkung 2 jam, pungkasanipun kula sakanca dumugi
Pantai Pok Tunggal.
Pok Tunggal ingkang nengsemaken manah |
Pantai kasebat kalebet
objek wisata enggal ing Kabupaten Gunung Kidul. Margi kangge mlebet ing papan
menika taksih arupi sela-sela ingkang dipuntata. Manawi jawah mesthi kemawon
sitinipun jeblog amargi dereng dipunaspal. Kawontenan menika miris sanget,
amargi Pok Tunggal menika kalebet salah satunggaling papan ingkang sae lan nengsemaken
manah. Pasiripun warni pethak, ombakipun boten patos ageng, gisikipun ugi
taksih resik, amargi dereng kathah ingkang tindak ing pantai menika. Manawi Pemerintah
Kabupaten Gunung Kidul menika langkung nggatosaken kawontenan menika, marginipun
dipundandani saha srana dipundamel langkung sae saged ndadosaken Pantai Pok
Tunggal menika langkung rame lan narik kawigatosanipun para wisatawan.
Pantai Pok Tunggal
menika kalebet pantai ingkang unik, amargi wontenipun tanduran langka arupi wit
duras ingkang cacahipun pok namung setunggal. Nama kasebat lajeng
dipundadosaken namaning papan inggih menika Pok Tunggal. Wonten ngriku ugi
kathah gasibu-gasibu ingkang mapan ing inggiling tebing kapur, payung maneka
warna ing kasewakaken kanthi regi ingkang mirah. Terumbu karang lan manekawarna
kewan-kewan laut ugi saged dipunpirsani kanthi cetha. Warung-warung alit
ingkang nyedhiyani dhedhaharan saha unjukan ugi kathah, wonten ugi ingkang
nyamektakaken mushola saha toilet.
Sadumuginipun ing
gisik, kanca-kanca kula sami ambyur ing segara. Ananging kula kaliyan kanca
kula sanesipun nanging wonten pinggiring gisik, boten tumut ambyur ing toya.
Kula boten ambyur amargi boten mbekta salin saha ajrih manawi kulitipun dados
radi cemeng. Kanca-kanca kula ingkang ambyur lajeng moyoki kula lan sakanca
ingkang boten ambyur. Miterat kanca-kanca kula manawi dhateng pantai lan boten
ambyur menika ndadosaken rugi. Kula lajeng dipunciprati toya supados tumut
ambyur, ananging kula boten purun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar