Minggu, 22 Desember 2013

Tekad (Geguritan)



Ratri kang sepi
Sepining pikir iki
Njalari pedhuting ati
Kang tansah nggegirisi

Cahyaning rembulan ketutup mendhung
Ngratapi awak sing kesandhung
Kena bebeondhotan sing tumelung
Aja nganti sira kesandhung

Wengi klawan rina, sira ndedonga
Tansah bisa ngupaya
Kanthi laku utama
Sarta ngadohi ujubriya

Kanggo gawe bombong rama ibu
Aja nganti kendho tekadku
Nggayuh pepinginan luhurku
Kanthi tumataning laku lan kalbu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar